menebar SENYUM merajut UKHUWAH
6 Nop
Assalamualaikum
Aku saiki lagi embuh laopo pengen banget nulis nggango aksara jawa, embuh iku merga kurang gawean apa merga pengen nulis bae. Yo wingi nyoba googling golek - golek pelajaran basa jawa, eh ndadak ketemu ambek tutorial pelajaran basa jawa. Sing nggawe ora gemen - gemen, Wong Malaysia. Wah, aku kaget temenan, mosok wong Malaysia bae gelem nguri - nguri basa jawa, awake dewe sing wang jawa gak tau nggawe.
Aku nulis aksara jawa iku terakhir kelas telu SMP, dadi saiki yo wis lali temenan, gak ana buku pisan, dadine sebagian ya mung ngawur. Eh iya, sedilut maneh wis lebaran. Sepurone ya dulur kabeh mbok menawa aku ana kaluputan. Sakuntara wektu ngene wae, kapan - kapan disambung maneh, merga saiki lagi ana sing kudu di rampungne. Sirahku yo wis ngelu nulis gawe aksara jawa.
Wassalamu’alaikum

Translate Dalam Bahasa Indonesia……..
Hayoo Belajar Membaca Aksara Jawa Lagi
Asalamu’alaikum
Aku sekarang sedang entah kenapa ingin sekali menulis mengunakan tulisan jawa, entah itu karena kurang pekerjaan apa karena ingin menulis saja. Ya.. kemarin mencoba googling mencari - cari pelajaran bahasa jawa, eh mendadak bertemu dengan tutorial pelajaran bahasa jawa. Yang membuat tidak tanggung - tanggung, orang Malaysia. Wah saya benar - benar terkejut, masak orang Malaysia saja mau melestarikan bahasa jawa, kita saja yang orang jawa jarang menggunakan.
Saya menulis tulisan jawa itu terakhir kelas tiga SMP, jadi sekarang ya sudah benar - benar lupa, tidak ada buku juga, sehingga sebagian ya cuma dikira - kira. Eh iya sembentar lagi sudah lebaran. Maaf ya saudara semua kalau saya ada kesalahan. Sementara waktu begini saja, kapan - kapan disambung lagi, karena sekarang ada yang harus diselesaikan. Kepalaku juga sudah pusing menulis menggunakan huruf jawa.
Wassalamu’alaikum.
21 Responses for "Ayo Sinau Maca Aksara Jawa Maneh (Ada Translate-nya)"
waduh… aneh juga ya liat huruf jawa..:D
soalnya saya di bandung blom pernah blajar ngebaca jawa.. apalagi …nulis
kang agus, ajarin donk:>
gimana ya ngajarinya, mending antum sekolah sama adik2 smp di tempat saya saja he.. he.. he. bercanda
sing gawe hanacaraka font asli wong indonesia, asli wong jawa lan asli wong purbalingga.
lestarilah aksara jawakoe…
matur nuwun.
wah, penting kiye. aksara jawa kiye hurufe wong jawa sih, dadi kudu dilestrekna ameh ora ilang ketelan bumi kaya kuwe.
nyong siki seneng mbanget, merga wis ana website kaya kiye. inyong bisa sinau tulisan jawa maning.
kulo pingin nulis aksara jawa ing komputer. saged ngajari mboten? nopo wonten software-ipun?
Nyerat jawi mekaten pancen wigatos sanget tumpraping bebrayan Jawi, napa malih kangge para kaneman, murih ing mangke kita mboten sisah dhateng manca nagari manawi badhe sinau nyerat. matur nuwun dhumateng Mas Agus
ayo budayakke nulis jawa ngleluri budaya bangsa. wis wancine kudu ngerti
Mas aksara jawa keno diunduh nganggo hape nggak..?,soale arep blajar maneh…,matur suwun
Kulo pengen ngajari lare nulis aksara jawa nanging kok susah sanget, nopo wonten cara ingkang luwih gampil
Kula kepingin sanget saged nyerat mawi aksara Jawi, awit anggen kula nampi wucalan nyerat aksara Jawi puniko namung rikala taksih wonten ing pasinaon SMP, bibar puniko lajeng blas ical.
Ing pundi kula saged tumbas buku-buku ingkang saged nuntun nyerat mawi aksara Jawi, kula kuwatos bilih ing wekdal ngajeng, ingkang wasis nyerat bade surut malah kepara telas.
Nuwun
Asw….
Aksara jawa,,,
Aku yo wis suwe ora nulis utawa maca aksara jawa. Padahal biyen wektu aku isih sekolah, gaweanku maca tulisan jawa ( sing mesthi iku ora kakarepanku…..)
Eh,,jebul wingi, ana kancaku (wong sunda) saka jurusan desain jaluk tulung aku marahi aksara jawa amerga deweke arep gawe desain tekstile nganggo tulisan jawa. Alhamdulilah….aku isih eling. Dadi gak ngisin-isine menawa wong jawa gak isa nulis aksara jawa.
Aku seneng amerga nyatane isih akeh wong sing isih peduli lan ngapresaiasi aksara jawa.
Gus….
Aku gelem diajari karo adik-adik SMPmu
tapi adik-adike sing cuuaaaakeeep ya!
ben tambah semangat… (hihihi…)
Inget pas biyen iseng-iseng
sinau belajar nulis basa Jawa
nyonto dari Ha Na Ca Ra Ka
sampai akhir
trus ngasih tanda bacane
kalau i hurufe dikasih coretan opo…
dst dst… seterusnya Aku lupa
krn belajarnya masih yg dasar2 banget
mungkin kalau belajarnya
diibaratkan belajar baca Al Qur`an
mungkin Aku baru belajar
setara dengan Iqro 1 atau Iqro 2
omong-omong
wah ada peluang bisnis baru nih
“Kursus bahasa Jawa”
kira-kira bhs iklannya gini:
“Telah dibuka, sebuah Kursus Bahasa Jawa,
yg akan membuat Anda mahir berbahasa Jawa
baik lisan maupun tulisan.
(Bahkan Anda bisa lebih mahir
daripada orang Jawa itu sendiri)
* MODE lagi mbayangin ON…
lek aku yo pengen belajar..
nek sampean nduwe source program gawe nulis boso jowo aku mbok sampean paringi…
akku saiki belejar boso proghram jowo(java)..
class jowo
{
public static void main(String[]jowo)
{
}
}
tulung pak, ono software kanggo bhs jawa?
butuh kanggo nulis soal2 ujian bocah2 SMP.
suwun pak.
nak ono kirim via Email, wes mengko mangan2 nak sampeyan dolan nang jogja/semarang. tapi kabari sek yoh.
Kang mas saya pingin punya installer aksara jawa bagaimana caranya ya?
lek aku yo sitik2 ruh aksara jawa,aku tau ngulang jawa nek kls2 SD.tp saiki blas lali,eh yo eleng sitik2 lah.tp aku sueneng bgt karo basa jawa.basa jawa tiada duanya.mas agus smpyan gawene telpon to?aku pgn iso nulis jawa meneh.pye y?
aku kepingin banget sinau basa jawa terutama sinau maca aksara jawa
iyo aku saiki yo bingun karo bocah bocah kuwi ora ono sing iso nganggo aksorone dewe piye yen kene mbentuk kumpulan sing iku gawe nguripi budoyo jowo khususe tulisan lan sak kabeh kabehe khususe konco konco wetanan yo rek to.
lha kang agus iki mung saran piye nek sampean bae sing ngawiti malang suroboyo ora adow. aku nang suroboyo yo iso ngerewangi
yo wes podo sinau meneh ae……
Gus aku meh takon karo sliramu, olehmu nulis translate aksara jawa nganggo program apa? Mbok ya aku diparingi….
Leave a reply